Top 10 similar words or synonyms for tumaruna

setija    0.908512

prahasta    0.906271

sarpakenaka    0.904015

bagaspati    0.898716

ngruwat    0.896953

bendara    0.896782

bomantara    0.895819

yudhisthira    0.893239

mindha    0.892727

palasara    0.891795

Top 30 analogous words or synonyms for tumaruna

Article Example
Bomanarakasura Boma Narakasura iku sajatiné putrané Bathara Wisnu patutan karo Bathari Pertiwi, putriné Sang Hyang Nagaraja, déwaning naga kang mapan ing Kahyangan Sumur Jalatunda. Nalika isih mudha tumaruna asmané Radèn Suteja iya Setija. Wujudé wayang, satriya bambangan bagus lan alus. Radèn Setija duwé kadang taruna tunggal rama-ibu, jenengé Dèwi Siti Sendari (Siti Sundari).
Dretarastra Nalika wis ngancik jaka tumaruna, Radèn Dhestharastra bisa palakrama anthuk Dewi Gendari, putriné Prabu Gendhara iya Prabu Suwala saka nagara Gendhara Désa amarga saka jasane Pandhu (adine Dhestharata nunggal rama seje ibu). Déné caritané mangkéné: Nalika Pandhu wus klakon mupu sayembara saka nagara Mandhura, dhèwèké banjur kasil mboyong putri sekarkedhaton Dewi Kunthi iya Dèwi Prita. Ora mung iku baé, Pandhu uga antuk boyongan putri loro manèh, ya iku Dèwi Dèwi Madrim, putriné Prabu Mandrapati saka Mandaraka lan Dèwi Gendari saka Gendhara Désa. Pandhu olehe kaleksanan mboyong putri telu direwangi ngetokahe tètèsing ludira. Ewadéné, putri telu iku ora digarwa kabèh nanging salah sijiné malah nedya dicaosake marang ingkang raka, Raden Dhestharata. Putri tetelune iku banjur disowanake marang ingkang raka supaya milih salah sijine minangka garwané. Radèn Dhestharata sing wuta iya banjur milih kanthi ngrayangi padharane putri telu mau mbaka siji. Wusanane tibaning pamilih ana Dewi Gendari.
Transformers (filem) Transformers iku filem fiksi sains aksi saka Amèrikah taun 2007 adhedhasar sèri dolanan Transformers. Film digawé nggabungaké animasi komputer karo adhegan langsung, filem iki disutradharai déning Michael Bay, lan Steven Spielberg dadi prodhuser èksekutif. Film iki dadi filem kapisan saka sèri filem adhegan langsung Transformers. Film iki diparagani déning Shia LaBeouf minangka Sam Witwicky, mudha tumaruna sing kejiret ing perang antarané Autobot sing Héroik karo Decepticons, rong fraksi saka robot alien sing bisa nyamaraké dhèwèké kanthi ganti wujud dadi mesin sing digunakaké manungsa saben dino, mliginé kendharaan. autobots péngén nganggo Allspark, ya iku objèk sing nggawé ras robot, Allspark dienggo ing upaya yasa manèh Cybertron lan mungkasi perang, nanging Decepticons kepingin nguwasani Allspark kanggo nggawé séna kanthi mènèhi urip mesin sing ana ing bumi. Tyrese Gibson, Josh Duhamel, Anthony Anderson, Megan Fox, Rachael Taylor, John Turturro, lan Jon Voight uga paraga lanang sing dadi pengisi suara Peter Cullen lan Hugo Weaving minangka pengisi suara Optimus Prime lan Megatron.
Gathotkaca Lairé Gathotkaca ngepasi karo dumadiné ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para déwa padha kocar-kacir amarga diamuk déning Prabu Kala Pracona, ratu buta ing nagara Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthiné iku diduwa (ditolak) déning para Déwa saéngga ndadèaké peperangan. Para déwa padha keplayu banjur golèk "pintasrayan" menyang nagara Ngamarta (Amarta). Tekan nagara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadèkaké jagoné para déwa, dimungsuhaké Prabu Kala Pracona lan Patihé Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalané. Sadurungé diajokaké ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para déwa didhawuhi déning Bathara Guru (tetungguling para déwa) supaya nlorongaké gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajeroning kawah Candradimuka wus ora wujud bayi manèh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabé Gathotkaca banjur sinebut :satriya babaran kahyangan"
Anoman Duta Sasampunipun Anoman dumugi ing tepis wiringing nagari Ngalengka, Anoman dalah para panakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung.Dumadakan ing mriku wonten satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan.Ingkang mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para Panakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang wekdhal punika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi (gayutan sèksual) kaliyan wanita punika. Sareng cekap anggènipun sami suka pari suka, Anoman dalah para Panakawan lajeng pamit badhé nglajengaken lampah. Nanging dèrèng nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Panakawan paningalipun sami boten saged kanggé ndhulu saéngga dados wutha. Jalaran wanita ing sesadheyan punika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipunutus déning Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipuntedha déning Anoman tuwin para Panakawan punika pranyata sampun dipunparingi racun ingkang saged anjalari wuta tiyang ingkang nedha. Mila Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni dhumateng lelampahanipun ingkang nembé kemawon dipunlampahi. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun sanajan kanthi grayah-grayah amargi sami boten sumerep margi.