Top 10 similar words or synonyms for jembawati

setyawati    0.919011

harya    0.908183

reghawa    0.906432

pratipa    0.898924

brajalamatan    0.896327

gayatri    0.896282

sesilih    0.895904

bisawarna    0.895672

madrim    0.894863

bendara    0.894661

Top 30 analogous words or synonyms for jembawati

Article Example
Jembawati Jembawati (Sanskerta: जम्बवती; Jāmbavatī), wonten salebeting wiracarita Mahabharata punika putrinipun Raja Jambawan. Raja Jambawan punika raja "beruang" ingkang wujudipun "beruang". Raja Jambawan tarung kaliyan pangeran saking Dwaraka, ingkang asma Kresna. Anggenipun sami tarung, amargi ngrebutaken premata ingkang dipunsebat Syamantaka. Saksampunipun kalah, Raja Jambawan mangertosi sajatosipun Kresna punika. Lajeng premata Syamantaka kaliyan Jambawati dipunparingaken déning Raja Jambawan dhumateng Kresna.
Suparto Brata Suparto Brata iku putrané Radèn Suratman Bratatanaya lan Papan Anggegana Radèn Ajeng Jembawati kang isih turun Pakubuwana V.
Jembawan Nalika perang gedhée ing Alengka, Jembawan melu mudhun ing palagan, dadi salah siji senopati perang tentara wanara. Amarga bektiné iku, Jembawan malih rupa dadi manungsa sing bagus rupané. Mula bisa ngéntukaké Dewi Trijatha, putriné Arya Wibisana. Putrané ya iku Dewi Jembawati kang sawisé diwasa dadi bojone Prabu Kresna, ratu ing Dwarawati.
Kresna Garwa-garwane ya iku Dewi Jembawati, putrine Resi Jembawan ing Pertapan Gandamadana, peputra Radèn Samba Wisnubrata lan Raden Gunadewa, Dewi Rukmini putrine Prabu Bismaka (Raden Arya Prabu Rukma) ing Kumbina, peputra Dewi Titisari lan Radèn Saranadewa (arang dikocapake) lan Dewi Setyaboma, atmajane Prabu Setyajid (Ugrasena) ing nagara Lesanpura, peputra Radèn Setyaka. Dewi Pratiwi (Pertiwi) putrine Sang Hyang Nagaraja ing kahyangan Sumur Jalatundha, peputra Radèn Setija utawa Prabu Boma Narakasura, lan Dewi Siti Sundari.
Trijatha Trijatha saged ngayomi Dewi Shinta ingkang badhé kajamah déning Rahwana, saéngga damel Rahwana duka. Saking dukane, Rahwana ngedalaken panguman-uman, inggih punika ing samangké Trijatha bakal anggadhahi garwa kethèk ingkang sampun sepuh. Trijatha dados sedhih sanget penggalihipun, nanging Dewi Shinta nglipur panjenengané manawi sanadyan garwanipun awujud kethèk nanging putrinipun saged sesandhingan kaliyan titisanipun Bathara Wisnu. Pungkasanipun Trijatha dados garwanipun Kapi Jembawan, kethèk sepuh ingkang dados pamomongipun Subali kaliyan Anoman. Jembawan saged dados garwanipun Dèwi Trijatha kanthi cara malih praupan dados Lesmana saéngga saged ngrayu Dèwi Trijatha. Trijatha anggadhahi putri ingkang namanipun Dèwi jembawati ingkang sasampunipun diwasa dados garwanipun Prabu Kresna, raja negri Dwarawati. Sasampunipun perang Alengka, Trijatha kaliyan kulawarganipun manggèn ing pertapan Gandamana.